Senin, 20 Juli 2020

BAHASA JAWA KELAS 7

Modhel Teks Tanggapan Dheskriptif

Salah sijine papan pariwisata ing Jawa Timur sing oleh kawigaten gedhe saka masyarakat yaiku Gunung Bromo. Gunung Bromo kang manggon ing patang wilayah kabupaten, yaiku kabupaten Probolinggo, Lumajang, Malang lan Pasuruan kasebut ora tau sepi pangunjung. Apa maneh ing sakiwa tengene Gunung Bromo panguripane para warga duwe ciri khas sing ora padha karo masyarakat ing papan liyane. Kaendahan lan tradisi ing Gunung Bromo bisa nambahi wawasan tumrap Indonesia sing pranyata sugih potensi alam kang bisa kanggo nambahi kemakmurane bangsa.

Ing ngisor iki tuladha teks tanggapan dheskriptif

GUNUNG BROMO

Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur.

Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe pemandhangan kang ora tinemu ing panggonan liya. Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrise sing saben-saben dienteni dening para wisatawan. Ing pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus, nduweni dhiameter kurang luwih 800 meter yen diukur saka arah lor nganti sisih kidul, lan kurang luwih 600 meter saka arah wetan nganti pinggire kawah sisih kulon. Ana papan sing dianggep mbebayani tumrape pangunjung, yaiku papan radhius 4 kilometer saka kawah.

Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka Penanjakan. Ing Penanjakan para wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa prastawa mletheke srengenge sing sesawangane endah lan nengsemake. Sabanjure bisa nerusake laku menyang kawahe gunung, bisa mlaku bisa uga nyewa jaran utawa jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan ibadahe suku Tengger sing nggilut agama Hindu. Bangunan kasebut diarani Pura Luhur Poten.

(liburanbromomurah.com/wisata-gunung-bromo (15 okt 2014 kanthi owah-owahan sawetara)

 

Sawise maca teks tanggapan dheskriptif bakal tinemu perangan teks dheskriptif :

 

Teks tanggapan dheskriptif yaiku teks sing isine nggambarake obyek kanthi gamblang lan rinci

Tujuan paragraf ing teks tanggapan dheskriptif yaiku kanggo njlentrehake, nerangake sawenehe obyek marang sing maca saengga wong sing maca kayakaya melu ngrasakake, ngrungokake, ndeleng utawa ngalami tumrap apa sing wis didheskripsekake dening penulise.

 

Tanggapan dheskriptif yaiku kesan tumrap apa sing wis dideleng, dirungu marang (tumrap) obyek tartamtu, lan nalika maca kaya-kaya weruh lan ngrasakake obyek sing diwaca.

 

Ciri-ciri teks tanggapan dheskriptif:

 1. Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancadriya

2. Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe marang obyek sing didheskripsekne

3. Ciri-cirine obyek diterangake kanthi gamblang lan rinci.

 

Wacanen sepisan maneh teks ”Gunung Bromo” ing ndhuwur. Sawise maca teks tanggapan dheskriptif bakal tinemu perangan teks kang dumadi saka idhentifikasi, klasifikasi/dhefinisi lan dheskripsi bagean.

a. Idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane.

b. Klasifikasi/dhefinisi yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa klompoke

c. Dheskripsi bagean yaiku perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci.


SUMBER : BUKU KIRTYA BASA KELAS 7


Tidak ada komentar:

Posting Komentar